Guyonan Wawancara Kerja
Ket: P = Pewawancara A hingga I = Pelamar
P : Kowe nduwe omah opo durung . . ? (Kamu sudah punya rumah belom?) A : Dereng . . . (Belom) P : Wah kowe ora iso ketompo nang kene (Wah, kamu gak bisa keterima di sini) A : Lho kok ngaten . . . . . ? (Lha kok gitu?) P : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nan perusahaan. (Nanti pasti kamu mengajukan hutang ke perusahaan) A : Ah . . . mboten kok. Sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih. (Ah, tidak kok, sebenernya ortu saya sudah kaya) P : Yo malah ora ketompo (Ya malah gak keterima) A : Lho kok ngaten . . . ? (Lha kok gitu?) P : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang-nongkrong ae. (Nanti kamu kerja cuma buat hiburan, nongkrong saja)
P : Kowe nduwe motor opo ora . . .? (Kamu punya motor gak?) B : Mboten. (Gak) P : Ora ketompo (Gak keterima) B : Lho kok mboten ketompo? (Lha kenapa gak keterima?) P : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit. (Nanti kamu pasti ngajukan kredit) B : Sak janipun gadhah, ning tasih teng kampung. Gampil mangke kulo beto mriki. (Sebenernya sudah ada, tapi masih di kampung, gampang, nanti dibawa ke sini) P : Wah malah ra ketompo . . . .(Tambah gak keterima) B : lho kok ngoten (Lha kok gitu) P : Tempat parkire wis ra cukup. (Tempat parkir sudah gak cukup)
P : Kowé wis lulus sarjana tenan . . . ? (Kamu sudah lulus sarjana beneran?) C : Sampun pak . . . .(Sudah pak) P : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih manutan lan bén mbayaré murah (Gak keterima, sini nyari yang SMA saja, nurut, bayarnya lebih murah) C : Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi (Sebenernya saya masih mau skripsi) P : Malah ora ketompo . . . . .(Malah gak keterima) C : Lho kados pundi to . . . ? (Lha gimana sih?) P : Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, lék wis lulus mesti golék kerjo neng perusahaan liyo. (Nanti kamu kerja cuma ngetik skripsi, abis lulus pasti cari kerja tempat lain)
P : Kowé seneng guyon opo ora... ? (Kamu seneng guyon gak?) D : Mboten pak, kulo serius yén nyambut damel. (Gak pak, saya serius kalo kerja) P : Ra ketompo . . . . D : Wah . . . . . kok ngoten? (Wah, kok gitu?) P : Engko konco koncomu lan anak buahmu podho stress. (Nanti temen dan anak buah pada stress) D : Sak jané nggih sekedhik-sekedhik remen guyon. (Sebenernya dikit-dikit seneng juga) P : Malah ora ketompo. (Malah gak keterima) D : Lho kok . . . . . . P : Engko kowé mung email-emailan sing lucu .. . (Nanti malah email-emailan yang lucu)
P : Kowé mau mréné numpak opo... ? (Kamu ke sini naik apa?) E : Nitih mobil (Naik mobil) P : Kowé ora ketompo E : Sebabipun? (Sebabnya?) P : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowé njaluk mundhak bayaran terus (Sekarang BBM naik terus, nanti kamu minta naik gaji terus) E : Wong, kulo wau namung mboncèng, kok (Tadi saya cuma bonceng kok) P : Tambah ora ketompo E : Lho, lha kok . . . ? P : Mengko mung gawéné mboncéng mobil kantor. Ngrusuhi! (Nanti kerjanya cuma bonceng mobil kantor, bikin rusuh saja)
P : Anakmu akèh opo sithik... ? (Anak kamu banyak atau sedikit?) F : Kathah pak (Banyak pak) P : Kowé ora ketompo F : Sebabipun? P : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanaaaaaak terus (Kerjamu gak serius nanti, mikir bikin anak terus) F : Lha wong namung anak adopsi, kok. (Lha cuma anak adopsi kok) P : Tambah ora ketompo F : Lho, lha kok . . .? P : Gawé anak waé aras-arasen, opo manèh nyambut gawé (Bikin anak aja malas-malasan apalagi kerja)
P : Kowé wis ngerti gawéyanmu durung... ? (Kamu udah tau kerjaanmu belom?) G : Dèrèng (Belom) P : Kowé ora ketompo G : Sebabipun? P : Arep nyambut gawé kok ora ngerti gaweyané? (Mau kerja kok gak tau kerjaannya) G : Oo, nèk damelan niku sampun ngertos kok (Ooo, kalo kerjaan itu saya udah tau) P : Tambah ora ketompo G : Lho, lha kok . . . ? P : Kowé rak mung arep keminter, to? (Kamu cuma mau sok pinter khan?)
P : Kowe wis ngerti bisnise kantor kéné durung (Kamu tau bisnis kantor ini belom?) H : Dèrèng P : Kowé ora ketompo H : Sebabipun? P : Arep nyambut gawé kok ora ngerti kantoré? (Mau kerja kok gak tau kantornya) H : Wo, sekedhik-sekedhik sampun ngertos kok (Dikit-dikit sudah ngerti kok) P : Tambah ora ketompo H : Lho, lha kok . . ? P : Kowé senengané ngudhal-udhal wewadi kantor, to? (Kamu senengnya bongkar rahasia perusahaan khan?)
P : Kowé kerep loro? (Kamu sering sakit?) I : Mboten P : Kowé ora ketompo I : Sebabipun? P : Mesthi kerep mbolos, wong arang-arang gering (Pasti sering bolos, lha jarang sakit) I : Wah, sakjanipun nggih asring (Wah, sebenernya juga sering) P : Tambah ora ketompo I : Lho, lha kok . . ? P : Kantor iki ora nompo karyawan pileren. (Kantor ini gak terima karyawan yang sakit-sakitan)
Hahaha.. Yang wawancara ga niat nih cari karyawan! (repost, Arifin Budi Santoso, STIE YKPN Mailing List)
 | yang wawancara bego banget,............. |
| |